REGENGAKEN GOTONG ROYONG Kanthi Tandang Tulung

02 November 2026
WAHYU NURARIFAH
Dibaca 27 Kali

WhatsApp Image 2026-11-02 at 09-45-09 

Warga RT 26 Kalisoka Margosari Pengasih, Ngregengaken Pakerjan Bakti Normalisasi Saluran Toya

Wonten ing semangat guyub rukun lan gotong royong, sedaya warga RT 26 Padukuhan Kalisoka, Kalurahan Margosari, Kapanewon Pengasih, sampun ngawontenaken pakerjan bakti bebarengan, ing dinten Minggu Pahing/01/11/2026 wanci jam 07.00. Pakerjan bakti menika dipun pimpin langsung dening Bapak Ketua RT 26, Bapak Kisno.

Adicara gotong royong menika dipun tumujuaken kangge normalisasi saluran toya / selokan ing sak pinggir margi RT 26 ingkang bates langsung kaliyan wilayah RT 25 Kalisoka.

Kados ingkang kauningan, saluran toya ing mriku sampun dangu mampet lan dangkal, awit katimbun dening sampah ron-ronan, rereged, sarta lemah saking tebing ingkang gerus amargi jawah. Menawi jawah deres, toya asring mluber lan nggenangi margi, saengga ngganggu lampahipun warga.

> "Pakerjan bakti menika wigati sanget kangge kelancaran saluran toya, supados toya jawah saged mili kanthi lancar lan mboten njalari mluber  utawi dados genangan ing margi RT 26 ingkang saged nganggu warga ingkang bade ginakke margi" ngendika Bapak Kisno, Ketua RT 26.

Pakerjan bakti menika dipun rawuhi dening sedaya warga RT 26, saking bapak-bapak, lan wonten pemuda sulih saking tiyang sepuh. Kajawi menika, ugi dipun rawuhi dening sawetawis warga saking perbatasan wilayah RT 25 ingkang tumut nyengkuyung, minangka wujud saking kerukunan antar RT ing Padukuhan Kalisoka.

Kanthi pirantos ingkang prasaja kados pacul, arit, Angkong ingkang di pun beto warga.
 para warga makarya kanthi semangat lan guyub. Ron-ronan lan lemah ingkang nutupi saluran dipun keruk lan dipun resiki, ngantos saluran wangsul malih jero lan resik.

Mugi-mugi kanthi dipun resikinya saluran toya menika, lingkungan RT 26 saged langkung resik, sehat, lan mboten wonten malih genangan toya nalika mangsa jawah.